Sesorah - Pengertian Bagian dan Contohnya

Kali ini kita akan membahas materi Bahasa Jawa kelas 5 semester 1, yaitu mengenai sesorah. 

Apa itu sesorah? Dalam bahasa Indonesia, sesorah disebut pidato. Atau bisa kita katakan, kalau sesorah itu adalah pidato dalam bahasa Jawa.

Pengertian sesorah, dalam bahasa Jawa sendiri adalah: "Sesorah yaiku, micara gagasan utama lan penemu secara lisan ing sangarepe wong akeh".

Membaca sesorah atau pidato dalam bahasa Jawa, tentu tidak seperti kita membaca teks biasa, karena kita bicara di hadapan banyak orang, maka ada beberapa hal yang perlu kita perhatikan. Dalam membaca sesorah, Kita harus memperhatikan tata bahasa yang tepat untuk digunakan dalam penyampaiannya, intonasi, hingga pakaian, 

Untuk selanjutnya, materi ini kita pelajari dalam bahasa Jawa ya!

Jika ada kata-kata yang kurang Kamu pahami maknanya, kamu bisa mencari arti kata tersebut dengan bantuan google translate atau tuliskan di kolom komentar ya!


SESORAH


Sesorah utawa pidhato  iku tegese micara utawa ngomong ing sangarepe wong akeh. Sesorah uga kasebut medhar sabda. "Medhar" tegese ngandharake, "sabda" tegese omongan.  

Moco sesorah ora padha karo maca wacan gancaran. Ono bab-bab kang kudu digatekake nalika maca sesorah. Bab kang kudu digatekake nalika maca sesorah:

  • Lafal
    Lafal yaiku tata pangucapane saben tembung lan ukara
  • Intonasi
    Intonasi yaiku dhuwur lan cendheke swara nalika maca sesorah. Intonasi nalika maca sesorah bisa nganut tandha wacan. Saben tandha koma (,) kudu sumene sawetara, saben tandha titiik (.) kudu mandeg greg. Ora kena ditabrak, amarga sakliyane iso nyebabake anggone maca kecepeten uga bisa marakake wong kang mirengake ora mudheng opo kang diomongake dening wong kang pidhato utawa maca sesorah
  • Tempo
    Tempo yaiku cepet alone anggone maca sesorah. Maca sesorah ora keno kesusu, nanging uga ora kena kalonen.
  • Pamedhote ukara
    Pamedhote ukara nalika maca sesorah kudu bener, kathi mangkono, bisa marakake pamirsa sing mirengake pidhato iso ngerti isisne sesorah kanthi becik.
  • Ekspresi
    Ekspresi kang pas nalika maca sesorah uga bisa marakake wong sing mirengake pidhato iso ngerti isisne sesorah kanthi becik. M 


Perangane sesorah:

  1. Salam Pembuka
    Isine salam pambuka yaiku ngaturaken salam sing sepisan, minangka wiwitane sesorah. Salam pambuka diaturaken sadurunge nyebut para rawuh. Tuladhane salam pambuka kayata: "Assalamualaikum".

  2. Purwaka Basa (Pambuka )
    Purwaka basa  utawa purwakaning atur isine yaiku pakurmatan lan atur panuwun marang para tamu kang rawuhing papan kono, lan puji syukur marang Gusti Alloh.

  3. Suarasa Basa ( Isi Pidato )
    Surasa basa uga kasebut surasa utawa wigatining atur, yaiku udharaning wigati bab kang diwedherekake marang pamirsa ana ing sesorah.

  4. Wasana Basa ( Panutup )
    Panutup yaiku salam ing pungkasaning sesorah. Isine, atur panuwun lan nyuwun pangapura yen luput marang pamirsa.

  5. Salam Panutup
    Salam panutup iku yaiku salam ing pungkasane sesorah.

Supaya luwih mangerti bab sesorah lan perangane, coba tonton video ing ngisor iki!



Tuladha sesorah:




Glosarium:

  • ngandharake : menjelaskan
  • micara : bicara
  • sangarepe : di depan
  • wacan gancaran: teks bacaan biasa 


Referensi:

Sudi Yatmana, Darmi Suprihatin (2015) Aku Bisa Basa Jawa 5 Kelas V SD/MI. Bogor: Yudhistira

0 Comments: